Rabu, 15 Januari 2020

NGAWEKANI AKEHE INFORMASI (Materi bahasa jawa kelas XI)

    Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jinis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot repote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kang kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.
      Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pamaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing Jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa Jawa. Ancase ora liya supaya wong kang ana ing Jawa iki bisa mangerteni kanthi cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula gampang dieling-eling dening bebrayan.

A. NGREMBUG TEKS IKLAN
       Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulisan. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kacithak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayatane TV lan Radhio. 
      Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:
 1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
 2. Pihak utawa pawongan kang masang,
 3. Alamate sing masang,
 4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.

     Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:
 1. Migunakake slogan,
 2. Ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
 3. Migunakake subjek wong kapisan.

B. NULIS TEKS IKLAN
      Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggatekake babagan ing ngisor iki yaiku:
 ■ Sing dituju kudu cetha,
 ■ Sing ngirim kudu cetha,
 ■ Barang utawa jasa sing ditawakake kudu cetha,
 ■ Narik kawigaten sing maca,
 ■ Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca,
 ■ Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
 ■ Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
 ■ Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

C. CARANE NULIS IKLAN
 1. Temtokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa).
 2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat).
 3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, nganggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten.

D. NYUGUHAKE TEKS IKLAN
        Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
 1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan
 2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep.
 3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XI SMA/SMK/MA

PITUTUR LUHUR ING CRITA WAYANG (Materi bahasa jawa kelas X)

A. MACA LAN NANGGEPI TEKS WAYANG
   Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!

                          Dewi Kunthi

     Miturut kitab Mahabharata, Dewi kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yamada, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Mandura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.
(Crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa kaca 92-94)

                          Shinta Kadustha

    Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.
     Ngancik telenging wana, peteng ndhedet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warayang mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumalundhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.
(Crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 95-96)

B. NEMOKAKE TUNTUNAN ING TEKS WAYANG
     Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.
     Dene tuntunan ing teks wayang Shinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.

C. MBEDHAH PERANGANE TEKS WAYANG
     Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga sinta.

D. NULIS SINOPSIS WAYANG
   Urut-urutane nulis sinopsis
 ■ Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
 ■ Nyatheh gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
 ■ Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dichatet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
 ■ Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
 ■ Ringkesane/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas X SMA/SMK/MA

ALAM SAWEGUNG (Materi bahasa jawa kelas XII)

     Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. MACA LAN NANGGAPI ISINE TEKS GEGURITAN SARTA NITENI PERANGAN-PERANGANE
     Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.
 ■ Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.
 ■ Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso ( / ) utawa sigeg ( // )
 ■ Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.
 ■ Golekana pesan utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
 ■ Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.

     Menawa cara-cara kasebut wus kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (Sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

                        ENDAHE ALAM
              dening Arvie Diah Pratiwi


Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah
Yen ndeleng uwit ijo royo-royo
Awujud ciptaan sing kuasa
Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane

B. NEMOKAKE TUNTUNAN KANG DIKANDHUT ING TEKS GEGURITAN LAN NJUMBUHAKE KARO KAHANANE BEBRAYAN
      Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marah kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. NULIS GEGURITAN NGGUNAKAKE RAGAM BASA KANG JUMBUH UTAWA COCOG KARO KONTEKS LAN PRANATAN UTAWA ATURAN
       Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene.
 ● Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale.
 ● Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik.
 ● Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale).
 ● Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale.


Sumber:
 1.) Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA
2. ) https://pasberita.com/geguritan-bahasa-jawa/

NGURI-URI TRADHISI BUDAYA JAWA (Materi bahasa jawa kelas XI)

    Grebeg besar iku acara tradisi ing kutha Demak kang dianakake saben wulan Dzulhijjah. Acara iki digelar kanggo mapang bakda Besar utawa wulan haji. Acara kang direkadaya kanggo ngramekake sasi Besar iki, pol-polane tumiba ing tanggal 10 Dzulhijah. Bab mengkono iku pancen wis dadi ciri wanci mungguhe kutha Demak lan tetep arep dilestarekake kanggo nguri-uri budaya tinggalane para luhur. Tradisi grebeg Besar iki tinggalane Sultan Fattah lan Sunan Kalijaga. Wali loro iku pancen wis cinathet ing sejarah minangka wali kang nyebarake agama islam kanthi nggunakake adat lan tradhisi kang wis ana ing tlatah Demak.

A. MACA LAN NANGGEPI TEKS EKSPOSISI NGENANI BUDAYA JAWA
         Teks eksposisi iku teks kang isine panemu utawa usul ngenani samubarang. Jaman saiki, teks eksposisi uga diarani teks argumentasi sesisih. Diarani mengkono jalaran pangrakite dhewe tanpa mbandhingake pawadane wong liya.

B. NEMOKAKE TUNTUNAN ING SAJRONE TEKS EKSPOSISI BUDAYA JAWA LAN NYOCOGAKE KARO KAHANAN JAMAN SAIKI
                                 Adat Tradisi Jawa                          Sajrone urip bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repot uripe saperangan gedhe wong Jawa isih gepok senggol karo adata tradhisi.
Adat tradhisi jawa iku akeh wernane. Werna-wernane tradhisi mau kayata: Nglairake (bayen), tedhak sinten, supitan, mantu, ngundhuh mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan liyan-liyane. Saben kedadeyan mau mesthi dianakake acara adat sing diarani slametan utawa kendhuri. Jumbuh karo jenenge, acara adat mau duwe pangajab supaya apa-apa mau pinaringan slamet saka ngarsane Allah, SWT.


    Saperangan teks eksposisi ing dhuwur nerangake yen wong jawa iku isih akeh kang ngugemi tradhisi. Kang prelu ditandhesake tradhisi iku dudu agama lan ora bakal nggantekake agama. Tradhisi duwe panggon dhewe, semono uga duwe 'panggonan' dewe uga. Mula ora prelu digawe prekara upama ana bedane panemu. Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti . Supaya tetep lestari lan ngrembaka, adat jawa saiki akeh sing dijumbuhake karo jaman saiki.

C. MBEDHAH PERANGANE TEKS
       Ing ngarep wis diterangake menawa teks eksposisi iku digunakake kanggo urun panemu/gagasan kanthi dasar pawadan/argumentasine pangarang dhewe. Titikane teks eksposisi yaiku tatanane (strukture) ana gagasan kang diusulake lan ana pawadan/argumentasine. Tuladhane kaya ngisor iki :
 ■ Gagasan/Panemu
        Sajrone urip bebrayan wong iku ora bisa uwal saka bot-repote panguripan. Bot-repot uripe saperangan gedhe wong jawa isih gepok senggol karo adat tradhisi.
 ■ Argumentasi
        Adat tradhisi jawa iku akeh warnane. Werna-wernane tradhisi mau kayata: nglairake (bayen), tedhak siten, supitan, mantu, ngundhuh mantu, tingkeban, bedhah bumi, lan liyan-liyane.

D. NULIS TEKS EKSPOSISI BABAGAN BUDAYA JAWA NGANGGO PRANATA LAIN BASA KANG COCOG KARO KAHANAN
        Menawa para siswa arep nulis teks eksposisi kudu manut pranatan utawa aturan kang wis gumathok, yaiku ana gagasan kang diusulake lan ana pawadan/argumentasine. Bab apa wae kang arep didheskripsekake carane padha, yaiku nganggo rumus kaya ngene iki.
 ● Gagasan/panemu
     A iku B
 ● Argumentasi
     C = C1+C2+C3+C...
     C = Werna-wernane adat jawa
     C1= nglairake; C2= tedhak siten; C3= Supitan;
     C4= Supitan; C.....=....


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XI SMA/SMK/MA

Selasa, 14 Januari 2020

OMAH JAWA (Materi bahasa jawa kelas X)

A. Pengertian Omah Joglo   
 Omah Joglo yaiku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Omah iki nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Biasane omah joglo iku ono gebyoge (tembok kayu gunane kanggo mbatesi senthong tengah karo pringgitan digawe seko kayu jati).


B. Bagian-bagian Omah Joglo                                            1.  Pendhapa
Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, pendhapa

Pendhapa arupa bagean ngarep seng nduweni ruangan jembar tanpa sekat sekat, biasane pendhapa dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan papan kanggo santai kaluwarga. 

 2.  Pringgitan

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, pringgitan

Pringgitan iku panggonane ana ning mburi pendhopo, nempel karo dalem (omah seng bagian dalem). Fungsine kanggo nampa tamu. 

 3.  Dalem

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, dalem

Dalem yaiku bagian omah joglo ana ing bagian njero. Fungsine kanggo kumpul keluarga.

 4.  Senthong tengah 

Senthong tengah ing joglo fungsine kanggo peturon wong lanang seng nduwe omah.

 5.  Senthong tengen 

Senthong tengen yaiku pasren, biasane panggonan iki kanggo peturon lan kanggo panyembahan kanggo dewi srin utawa dewi kesuburan lan kemakmuran. Biasane uga kanggo nyimpen beras utawa palawija.

 6.  Senthong kiwo 

Senthong kiwo anduweni fungsi kanggo peturon wong wedok.

 7.  Pawon

Pawon yaiku bagian omah joglo sing digunakake kanggo ruangan masak.

 8.  Gandok 

Kanggo kamar kecil.


C. Jenis-Jenis Omah Joglo                                                  1.  Joglo Sinom
Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo sinom
Bangunan joglo iki migunakake cagak sing jumlahe 36 buah lan 4 anatarane yaiku saka guru. Atape saka papat welah sisi masing-masing mduweni tingkat telu lan siji bubungan. Bentukane bangunan iki asale saka perkembangan saka joglo sing migunakake teras keliling. 

 2.  Joglo Jompongan

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo jompongan

Joglo Jompongan yaiku bentuk rumah joglo sing nganggo 2 buah pengeret karo denah bujur sangkar. Bentuk iki yaiku bentuk dasar joglo. 


 3.  Joglo Pangrawit 

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo pangrawit

Joglo Pangrawit yaiku omah joglo kanggo nganggo lambang gantung, atap berujung mulur saka atap penanggap, atap empar merenggang saka duwur penanggap, saben sudut diwenehi cagak (saka).

 4.  Joglo Mangkurat 

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo mangkurat

Joglo mangkurat podo karo Joglo Pengrawit, nanging luwih dhuwur lan cara nyambung atap penanggap nganggo penitih. Atap kasusun telu mrenggang. duwur brunjung, tengah penanggap, ngisor penitih (teras). Nanging yen diwenehi sak susun atap meneh ning ngisor penitih, atap iki kasebut atap peningrat.

 5.  Joglo Hageng

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo hageng

Joglo Hageng yaiku omah joglo kang nduweni ukuran luwih cendek lan ditambahi atap sing kasebut pengerat lan ditambahi tratak keliling Pendapa Agung Istana mangkunegaran Surakarta.

 6.  Joglo Lawakan

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo lawakan

Wangunan joglo iki miggunakake cagak cacahe ana 16 lan 4 antarane ysiku saka guru. Atape dewe kasusun saka papat sisi kang kasusun 2 lan sak bubungan. Bentuk wangunan iki saka duwur mengisor saya amba kaya payung.


 7.  Joglo Semar Tinandhu 

Pengertian, Bagian dan Jenis Rumah Adat Joglo Ringkas Berbahasa Jawa, bukusemu, buku semu, omah adat jawa, rumah adat jawa, joglo semar tinandhu

Joglo Semar Tinandhu (semar diusung/semar dipikul). Joglo iki biasane digunake kanggo regol utawa gerbang kerajaan.amarga cagak utama/saka guru ing joglo iki digantike karo tembok sambungan, mula ruang ing ngisor atap sing luwih duwur nduweni gedenan ruang sewates ning gedenan uleng wae. Hawa kang ana isih kapegaruh hawa ngarep, nanging kerasa luwih sejuk amarga ana kamiringan atap sing menehi kabedan hawa antara ruang ngarep lan njero joglo.


Sumber : https://www.bukusemu.my.id